Assalamu'alaikum wr.wb.
Panjenenganipun para pinisepuh ingkang kinabekten, para rawuh mungazziyin
mungazziyat ingkang tuhu luhur ing budi, saha para ahli waris kulawarga
______________ ingkang kinurmatan. Keparenga kula sumela atur sawetawis,
minangka wakil saking kulawarga ageng bebrayan RT I
.
Ingkang sepisan, kula ngonjukaken puja-puji kagem ngluhuraken asmanipun
Gusti ingkang Akarya Jagad, inggih Allah SWT, ingkang sampun paring rohmat lan
barokah dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga saged makempal ing
menika papan saperlu asung pakurmatan dhumateng sedanipun ___________. Shalawat
lan salam mugi tansah sinanjung ing utusanipun, inggih Kanjeng Nabi Muhammad
SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah.
allahumma amin.
Kaping kalihipun, kulawarga ageng RT I
ngaturaken ndherek bela sungkawa dhumateng sedanipun swargi ______________,
saha para kadang kulawarga RT I ndherek
memuji, mugi-mugi arwahipun swargi ______________ pikantuk maghfirah saking
ngarsa dalem Allah SWT, ingapunten sedaya lepat dosanipun, katampi sedaya amal
kesaenanipun, saha sedanipun kalebetna seda ingkang khusnul khotimah, khusnul
khotimah, khusnul khotimah, mugi pinaringan papan ingkang sekeca jumbuh kaliyan
amal kesaenanipun rikala sugengipun ing alam bebrayan.
Saha mugi-mugi kulawarga ingkang tinilar, tansaha pikantuk kekiyatan lair
batos, satemah kanthi ikhlasing penggalih, saged nglilaaken sowanipun swargi
________________ dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Ugi enggala pikantuk lelipur,
mugi enggal kabirat sedaya dhuhkitaning manah. Kita sedaya mboten saged nyelaki
pepesthen, awit sedaya menika kagunganipun Gusti Allah, pramila dhumateng Gusti
Allah sedaya badhe wangsul.
Mbok bilih nalika sugengipun swargi _______________ nggadhahi kalepatan
dhumateng kita sedaya, kanthi tulus ikhlas kita sedaya nyuwunaken pangapunten
dhumateng Allah SWT, saha kanthi lila legawaning manah kita badhe angapunten
kalepatanipun.
Kula kinten kirang prayogi menawi ka)thah-kathah atur kula, pramila kula
cekapaken semanten, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun
agunging pangapunten.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar