Alhamdulillahilladzi
akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala sayyidina
muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.
Langkung
rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi
kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito saget kempal wonten acara
walimatul ‘urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo
umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Engkang
tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama’ khususipun
Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo ta’dzimi. Penganten sarimbit soho
pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu undangan,
poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Sholawat
lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo
Syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang
kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang
sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono
ingkang sepisan, Pambuko
- kalajengaken
engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an
- Wondene
adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
- Adicoro urut
ongko sekawan, atur pasrah penganten putri
- Wondene
adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri
- Adicoro
ingkang ongko enem, sabdo tomo soho do’aipun
- Adicoro
ingkang urut pitu, penutup
Mekaten anggen
kula matur,mbok bilih wonten klentha-klenthunipun kula nyuwun agunging samodra
pangaksami
Wassalammu’alaikum
wr. wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar